Jawa Tengah dipimpin bapak Gubernur
Wilayahe pancen makmur
Pertaniane subur subur
Masyarakate kudu bersyukur
Pak Gubernur dibantu Pak Wali
Ayo podo dzikir pendhak wengi
Sholat lan ngaji ojo nganti lali
Keno kanggo sangu nek wis mati
Pak Bupati dibantu Bapak Camat
Ngelingono ndonyo bakal kiamat
Mulo disregepi moco sholawat
Ojo nganti ninggalake sholat
Pak Camat dibantu Bapak Lurah
Mulo ayo rajin ngibadah
Akehono zakat lan fitrah
Suk yen mati khusnul khotimah
Pak Lurah dibantu Bapak RW
Gaweane akeh ora ono bayarane
Nanging ora lali karo ngibadahe
Saben dino akeh rejekine
Pak RW dibantu Bapak RT
Opo-opo ditandangi dewe
Salah sitik diclatu karo wargane
Yen ketok sregep jare salahmu dewe
Pak RT ora duwe pembantu
Pendhak wengi ora iso turu
Mlaku-mlaku karo mampir gerdhu
Mbok menowo nemoni babu lemu


Promosikan produk anda di
sini
Tidak ada komentar:
Posting Komentar